Kamis, 05 November 2015

artikel bahasa jawa "grebeg suro ponorogo"


LAPORAN KEGIYATAN
GREBEG SURO PONOROGO

































SMK PGRI 2 PONOROGO
Alamat : Jl. Soekarno – Hatta, Kertosari Babadan Ponorogo

Penyusun:
1.        Eko Nanang                    (03)
2.        Febri Yuni S                    (07)
3.        Ilham Ardiansyah         (17)
4.        Luky Wijanarto              (22)
5.        Nasrul Hafiz                    (34)

Saking Kelas :
XI TSM 3







Tembung  Pengantar

          Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi  kelancaran sahingga kita selaku siswa saget ngrampungaken laporan menika kanthi lancar mboten wonten alangan satunggal punapa
            Sholawat ugi salam mboten kasupen kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW kang dados penerang kita ing yaumul akhir mbenjang.
Matur sembah nuwun kita hatur aken dhumateng Bu Ricca minangka guru pengampu basa daerah ing kelas XI TSM 3
Cekak tembung, “Mboten Wonten Gadhing Kang Mboten Retaksakmenika laporan  kegiyatan ingkang kita damel. Menawi wonten kesalahan tembung nyuwun agunging kalepatan lan Mugi napa ingkang kirang saget dados bahan evaluasi laporan menika.

Wassalamu’alaikum wr. wb.


pengarang















BAB I
PAMBUKA

1.1       Landhesan panliten
Salah sawijine kebudayaan jawa ing kota Ponorogo yaiku “GREBEG SURO”. Adicara upacara adat iki di laksanakake ing saben daerah wektu wulan muharram. Saben daerah mrengeti  wulan muharram iku kanthi maneka warna, lan maneka cara. Tapi sing bedho karo liane yaiku mrengeti wulan muharram ing kota ponorogo, adicarane megah lan meriah. Adicara grebeg suro iki dadi adicara rutinan kanggone wong ponorogo kang di enekake saben wulan suro utawa nyambut tekone wulan suro. Perayaan Grebeg Suro lan Festival Reog Nasional yaiku Event sing ke XXII. Salah sijine acara sing dadi wahana kreasi lan aksi para seniman. Jumlahe ana 45 group reog sing tampil ngrebutake Piala Presiden. Festival iki uga dimeriahake marang para pengusaha lan pedagang cilik ing Ponorogo. Rangkaian kegiatan pendukung uga dilaksanakake yaiku Pameran Pusaka, Pameran Bonsai, Pameran Lukisan, Pacuan Kuda lan liyo – liyane.

1.2       Ancase Panliten
1.2.1     Ngerteni Tegese Grebeg Suro
1.2.2     Ngerteni ubarampe kanggo Grebeg Suro
1.2.3     Ngerteni Urutaning acara Grebeg Suro

1.3       Paedahe Panliten
1.3.1     Tumrap pemulangan. Panliten iki bisa di ajab bisa kanggo sarana para siswa ngerteni upacara Grebeg Suro
1.3.2     Tumrap bebrayan. Panliten iki bisa di gunakake minangka wacan kanggo nambah pamawas kanggone bebrayan jawa











BAB II
ISI PANLITEN

2.1 Tegese Grebeg Suro
               Grebeg Suro yaiku  upacara tradisional masyarakat ponorogo kang wujudake acara rakyat. Seni lan tradisi kang di tampilake kaya Festival Reyog Nasional, Pawai lintas sejarah, kirab pusaka, lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel. Grebeg sura termasuk acara tahunan kang di rayakake saben tanggal 1 muharram (1 suro tahun jawa). Acara iki ya termasuk kegiatan sing disik kanggo nyongsong tahun kunjungan wisata jawa timur saben tahun. Sebap di enekake grebeg suro ing ponorogo yaiku amargo kebiasaan masyarakat sing utama kalangan warok ing malem 1 suro ngenekake tirakatan semalam suntuk. Nilai – nilai kang terkandung yaiku nilai simbolik, nila tanggung jawab, nilai keindahan, nilai moral, nilai hiburan, nilai budaya, nilai social, nilai ekonomi, nilai apresiasi, lan nilai religius.

2.2 Ubarampe Kanggo  Grebeg Suro
               Grebeg suro kasusun kanthi pirang – pirang adicara yaiku: kirab pusaka, pawai lintas sejarah, festival reog nasional, lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel.
Saka susunan adicara kasebut kang mbutuhake ubarampe akeh yaiku among kirab pusaka lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel.
Kang dadi ubarampe kirab pusaka yaiku sesaji kanggo pusaka, lan liyo – liyane.
Minangka kang dadi ubarampe larung yaiku tumpeng lan sesajen kang di larung ing tengah tlaga, sakdurung e di larung ing tengah tlaga tumpeng mau ya di bagi ing masyarakat, sak wise di bagi tumpeng sing isih di larung menyang tegah tlaga marang juru kunci banjur di klelep ake.
               Adicara liane uga mbutuhake ubarampe utawa sesaji ananging sesaji iku mau mung kanggo syarat supaya acarane di pun paringi kelancaran marang gusti ingkang maha agung.

2.3 Urutaning upacara Grebeg Suro
Pameran Pusaka digelar ing gedung Aula Bappeda Lantai II. Acara iki dieloni marang paguyuban Aji Wengker kang mamerna pusaka - pusaka kayata keris luk VI dapur Singobarong warangka ladrang, Tumbak Kyai Tunggul Wijaya Pamor Singosari. uga paguyuban Tunggal Naga mameraken pusaka kayata Keris Luk II, dapur sabuk inten, keris lurus dapur Tilam Sari. lan paguyuban - paguyuban liane kanthi nampilake koleksi - koleksi pusakane. Total pusaka sing dipamerake yaiku 360 pusaka.


Pameran  Bonsai uga digelar ing lingkup Gedung Graha Krida Praja yaiku ing ngarep Paseban Alon - alon Ponorogo tepate ing taman Patung Singa dan Putri Songgo langit. Ing pameran bonsai iki nggawa cacah 175 saka 24 Kabupaten / Kota se Jawa Timur. Ing  kelas eksebisi uga ditunjukake koleksi - koleksi duweke 6 pejabat Pemkab Ponorogo yaitu : Kabag Ekonomi, Kepala Dinas Indakop, Kepala Dinas Pariwisata, lan koleksi duweke Bupati, Wakil Bupati dan Sekda Ponorogo.

               bupati ponorogo negesake bilih Pemerintah Ponorogo berusaha mengusung kebudayaan kanggo keluhuran budaya adiluhung, keluhuran budaya adiluhung iku di harapake bisa menehi  inspirasi, penggarapan, pemahaman, penghayatan seni lan budaya kanggo masyarakat ing usaha mujudake nilai - nilai keluhuran. Kebudayaan ingkang sampun di pahami minangka  bagian dasar saka kehidupan saben manungsa lan saben kelompok masyarakat, kebudayaan minangka bagian integral hak asasi manusia amarga iku pembangunan sing diharep ne kanggo pertumbuhan dan martabat manungsa kedah nduweni dimensi kebudayaan.
Prengetan  Grebeg Suro
lan Festival Reog Nasional minangka event budaya sing perlu dilestarekna dan dikembangna. Pembukaan Perayaan Grebeg Suro lan Festival Reog Nasional iki akeh ditekani perwakilan - perwakilan daerah kabupaten lan propinsi liane kayata Wakil Bupati Bengkalis Propinsi Riau, Kabupaten Tanjung Jabung Barat Propinsi Jambi, Kabupaten Gunung Kidul Daerah Istimewa Yogjakarta lan liyo liyane.

               Acara sing paling dienteni masyarakat Ponorogo yaiku Pawai Lintas Sejarah lan Kirab Pusaka. Acara Kirab dimulai jam 14:00  sampek sampe. ketelu pusaka sing kalebu Angkin (sabuk) Cinde Puspito, Payung Songsong Tunggul Wulung lan Tombak Tunggul Nogo digawa metu saka kompleks makam. Miturut Romo Dodik (Juru kunci makam Bathara Kathong) ing zaman biyen ketelu pusaka kasebut  digunakake kanggo tameng, penawar kekuatan gaib, lan senjata pencabut nyawa. Bapak Bupati trus nyerahake pusaka kasebut menyang sepasukan pria kang gae klambi tradisional, kanggo diterne  nyang pendopo kabupaten. ing mburine pada ana  rombongan dayang-dayang lan rombongan pemerintah setempat sing numpak kereta kuda sing wus dihias,disusul gerombolan manusia berwajah merah (Warok), rong mahluk aneh sing duwen irung mbengkong, nyolot rana rene (Bujangganog). Sak mburine neh, harimau bermahkotakan manuk merak (Reog) muter muter ing lemah. Kirab iki dimaksud ake kanggo mrengeti perpindahan pusat kota saka bagian kulon menyang bagian tengah kabupaten.
               Bengi ne Ponorogo ora turu, ing Alun- alun Ponorogo dienekake Penutupan Grebeg Suro marang Bupati Ponorogo. Ing masjid Agung Ponorogo uga dienekake Pengajian Akbar.Sebagian warga liyane uga isih mlaku mlaku utawa lungguh- lungguh ing saben pojokan daerah saperlu le'- le'an (bergadang)  kanggo nyambut malam 1 Muharram sing  diisi dening nglakoni do'a  bareng lan nonton Video Reog utawa campursari kanthi suka- cita.

               Esuk e yaiku dina terahir mrengeti Grebeg Suro yaiku Larungan Risalah Doa ing Telaga Ngebel. Telaga Ngebel yaiku telaga sing terkenal kerindangan,kesejukan lan keindahne kang pangon ing sikil Gunung Wilis. Masyarakat sekitar nglakoni ritual adat saben malam siji suro, kayata doa baren, ngubur kaki kerbau ing panggon - panggon tartamtu, lan nglarung sesajen. Penduduk Ngebel nduweni juru kunci sing tugase nggawa rakit sesajen menyang tengah danau. Kebiasaan ikmesti dilakoni pas bengi. pintere, juru kunci ora gae kapal, dhewek e nyurung rakit dewe karo nglangi.

               Larungan sing dilaksanakake isuk iki di konsep kanthi tujuan  wisata. Tumpeng siji dibagekake marang warga, lan tumpeng liane digawa nyang tengah telaga bareng risalah doa. sawetara wang perenang ditugasne nggawa sesajen ing duwur rakit bambu lan nglelepake. Karo klelepe tumpeng iki, gelaran Grebeg Suro wus sampe.



























BAB III
PANUTUP

3.1 Dudutan
                    Upacara adat Grebeg Suro yaiku salah sawijining adicara kabupaten ponorogo kanggo nyambut tahun anyar 1 muharram. Adicara iki di prengeti saben tahun ing kutho ponorogo. Adicara kanggo nyambut tahun anyar suro iki di isi karo beberapa adicara kayata Festival Reyog Nasional, Pawai lintas sejarah, kirab pusaka, lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel lan liyo- liyane.

3.2 Panyaruwe
            Mugi adicara grebeg sura iki bisa di laksanakake sak teruse marang warga masyarakat ponorogo lan sekitare kanthi nambahi adicara liane supaya adicara grebeg suro iki ora monoton di delok lan ora marai waleh lan supoyo pemiate tetep akeh kaya tahun – tahun sak durunge.




3 komentar:

  1. Mugi adicara grebeg sura iki bisa di laksanakake sak teruse marang warga masyarakat ponorogo lan sekitare kanthi nambahi adicara liane supaya adicara grebeg suro iki ora monoton di delok lan ora marai waleh lan supoyo pemiate tetep akeh kaya tahun – tahun sak durunge. saget kagem contoh artikel bahasa jawa

    BalasHapus
  2. Terimakasih infonya sangat bermanfaat, izin copas ya

    BalasHapus